5. BAHASA JAWA

RANGKUMAN MATERI (Saperangan alit)BAHASA JAWA KELAS 8 SEMESTER 1Crita Pengalaman PribadiBab-bab kang perlu digatekake yaiku:1. Milih crita kang narik kawigaten, banjur critakna kanthi gaya lan penampilan kang ekspresif2. Critakna kanthi runtut3. Critakna kanthi ringkes4. Lancar anggone nyritakake5. Swarane (banter-rindhike) sacukupe. IklanIklan yaiku pangajak kang ditindakake kanthi dibolan-baleni. Lumrahe dibiwarake (disebarluaskan) mawa media cethak lan elektronik. Bab-bab kang perlu digatekake sajroning iklan iku ana loro (2) yaiku:1. Surasa (isi) iklan: a. kudu objektif lan jujurb. cekak lan cethac. ndudut ati (narik kawigaten)2. Basa iklan: a. Gampang ditampab. Ukarane cekak, cetha lan ndudut atic. Gambare cetha, gampang dingerteni, ndudut ati, lan nggodha wong nganti kepengin nduweni, nuwuhake rasa kepengin ngerti lan nyoba.d. Isine nyata lan ora ngapusie. Sipate ajak-ajakNulis Laporan KunjunganNulis laporan kunjungan ing sawijining panggonan, bisa diwujudake kanthi jenis tulisan apa bae sakepengine penulis. Bisa wujud narasi, eksposisi, deskripsi, argumentasi, utawa persuasi. Kanggo nggampangake anggone gawe laporan, luwih becik nganggo urutan:a. Nemtokake tema.b. Ngumpulake bahan.c. Gawe cengkorongan (kerangka karangan).d. Ngembangake cengkorongan, dijlentrehake dadi ukara manut gagasan kang wis digawe.e. Menehi irah-irahan (judul).Tembang Macapat Guru gatra : cacahing gatra utawa larik saben sapada (sabait) tembang.Guru wilangan: cacahing wanda (suku kata) saben salarik.Guru lagu : tibaning swara vokal ing pungkasaning larik.Ayahane tembung sajrone ukara Ukara yaiku tembung utawa kumpulaning tembung kang nduweni teges. Ukara mujudake wedharing karep kang jangkep.Perangane ukara sing baku yaiku:1. Jejer, yaiku samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa wicara. Lumrahe wujud tembung aran utawa kang dianggep aran.2. Wasesa, yaiku samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung kaanan, aran, sesulih, wilangan, lsp.3. Lesan, yaiku samubarang kang dadi watesing wasesa utawa nerangake wasesa.4. Geganep, utawa pelengkap, yaiku samubarang kang kanggo njangkepi ukara.5. Katrangan, yaiku kang dadi andharaning ukara.Gatekna tuladha-tuladha ing ngisor iki!1. Pitike mati J W2. Sutri nyapu latar J W L3. Salman nukokake bakso adhine J W P L4. Bejo turu neng hotel J W K

Mine coins – make money: http://bit.ly/money_crypto